Indramayu – Taman wisata
Banjar yaiku letake ning desa bulak kidul kecamatan Jatibarang Kabupaten
Indramayu, tepate ning pinggir jalan raya jatibarang – Karangampel. Ning tempat
iki ana kelompok Kera/Monyet sing dikeramataken , yaiku jumlahe ora pernah
kurang atawa lebih sing 41 ekor. Tempat kien didadekaken tempat wisata ingkang
selalu rameh lan dikunjungi wong baka dina Raya Idul fitri atawa Idul Adha.
Konon jare kabar sing beredar
menurut para sesepuh setempat 41 ekor monyet penghuni Banjar yaiku prajurit
sing terkena kutukan waktu masa pemerintahan Sunan Gunung Jati, ana salah
sawijine patih kang nduweni aran Pangeran surya Negara, sewaktu pangeran olih
perintah sing sultan Cakra Buana kanggo deleng kaliyan sekaligus ngatasi
musibah banjir ning kawasan kali Longga Trisna.dibaturi karo para prajurit
kerajaan Gunung Jati, pangeran Surya Negara melu mangkat
Setekane ning Kali Longga Trisna,
Surya Negara deleng parah pisan wilayah kuen akibat banjir. Deleng kejadian
mengkonon pangeran Surya Negara mutusna kanggo gawe Bendungan, tapi ternyata
jumlah pasukan sing digawa ora sebanding karo pekerjaane gawe bendungan kang
gede.
Pangeran Surya Negara duweni
inisiatif Jaluk bantuan ning kerajaan Karang Kendal kang masih termasuk wilayah
kekuasaan Sunan Gunung Jati.
Pihak Karang Kendala setuju
lan spakat ngirimaken bala bantuan ning lokasi pembangunan bendungan kali
Logangga Trisna, sembari ngenteni tekane bala bantuan, pangeran Surya Negara
karo pasukane mulai pekerjaan gede kien, sementara bala bantuan sing ditunggu
durung teka bae, sewise pekerjaan wau pragat bantuan sing ditunggu-tunggu teka,
tentune Pangeran Surya Negara dadi Kesel pisan, tetapi beliau masih bias nahan
emosi kanggo menghormati kerajaan Karang Kendal. Pasukan bala Bantuan sing teka
tetep diterima baik-baik. Tapi waktu kuen wayae sholat Ashar pangeran nitipaken
bungkusan ning kepala Rombongan Prajurit lan duwe pesen amber aja sembarang
uwong mbuka bungkusan kuen.
Tapi Kepala prajurit kerajaan
Kendal lan anak buahe ora ngikuti pesan pangeran Surya Negara , pimpina
rombongan akhire tergoda kanggo buka bungkusan sing dititipna pangeran Surya
Negara, Ternyata pas dibuka bungkusan mau isie buah kurma sing masih seger. Tanpa
piker panjang buah kurma mau dipangan rameh-rameh ning para prajurit Karang
Kendal. Waktu para prajurit lagi enak-enake mangan buah kurma, pangeran Surya Negara teka deleng
titipane dipangani Pangeran Sewot karna ngaweruhi perintahe wis dilanggar, sang
Pangeran terus ngutuk para prajurit ndadekan sawijine kera, “sampean kabeh ora duweni sifat menusa pada
karone ketek kang sato kewan sing ora peduli ngadeleng barange wong sejen” karena
tingkah lakune mirip seekor kera sing seneng nyolong lan ora peduli,
Pada saat kuen seluruh
prajurit sing Kerajaan Karang Kendal langsung berubah wujud dadi monyet sing
jumlahe 41 ekor lan pangeran surya Negara ngupai aran Ki buyut Banjar, “Benjang
besuk lamon wis ramehe wong arep tek upai aran Ki buyut Banjar”, mengkonon asal
muasal 41 ekor monyet sing sekien
dikeramataken lan menghuni komplejk pekuburan aBanjar desa Bulak Kecamatan Jatibarang
Kabupaten Indramayu Jawa Barat sing sekiene dikenal karo sebutan Taman Wisata
Banjar.
"Ana hikmah sing sing bisa dipelajari yaiku segala bentuk titipan kaliyan amanah kudu bisa dijaga sebab sifat kang mulia bisa ngejaga amanah atawa kepercayaan"





Tidak ada komentar:
Posting Komentar